Rabu, 18 Maret 2009

Senin, 16 Maret 2009

Macam - Macam Rimbag

PANGRIMBAGING TEMBUNG
(Nama Bentukan Kata)

RIMBAG TANDUK (Bentukan kata aktif)
RIMBAG TANGGAP (Bentukan kata pasif)
RIMBAG LINGGA ANDHAHANRIMBAG WISESANARIMBAG BAWA
RIMBAG TANGGAP NA LAN TANGGAP KARIMBAG GUNA (tegese nandang)
RIMBAG ADIGUNA (tegese keladuk, kebangeten)
RIMBAG SAMBAWA (tegese upama, sanajan, muga-muga)
RIMBAG HAGYA (Bentukan kata perintah)
RIMBAG SANANTARIMBAG TANDANGRIMBAG WACAKARIMBAG RANGKEP

RIMBAG TANDUK (Bentukan kata aktif)
ater-ater anuswara / ny-, m-, n-, ng- + tembung lingga
Ø (a) ny + silih = nyilih (aksara c, k, p, t, th, s, w luluh)
Ø (a) m + balang = mbalang (aksara j, g, b, d, dh,r, l, ora)
Ø (a) n + tulis = nulis
Ø (a) ng + edan = ngedan (aksara vokal nganggo ng-)

RIMBAG TANGGAP (Bentukan kata pasif)
1. ater-ater tripurusa / dak-, kok-, di- + tembung lingga
Ø daktuku (rimbag tanggap utama purusa kriya wantah)
Ø daktukoni (rimbag tanggap utama purusa ikriya )
Ø daktukokake (rimbag tanggap utama purusa kekriya)
Ø koktuku (rimbag tanggap madyama purusa kriya wantah)
Ø dituku (rimbag tanggap pratama purusa kriya wantah)
2. Tembung lingga + seselan eljerit + seselan el = jelerit jedhor + seselan el = jeledhor 
3. Tembung lingga + seselan ersempal + seselan er = serempal cuwil + seselan er = ceruwil

RIMBAG LINGGA ANDHAHAN
Ø sa + omah = saomah (kabeh/padha)
Ø sa + paro = separo (pra loro)
Ø pi + wales = piwales (nindakake wales)
Ø pra + tandha = pratandha (piranti kanggo tandha)
Ø tar + waca = tarwaca (katon cetha)
Ø Ka + weruh = kaweruh (samubarang ngelmu)

RIMBAG WISESANA
tembung lingga + panambang –an
Ø gawa + an = gawan (rimbag wisesana lingga)
Ø ka + obong + an = kobongan (rimbag wisesana bawa ka)
Ø pi + takon + an = pitakonan (rimbag wisesana lingga andhahan)

RIMBAG BAWA
Ø a + gawe = agawe (rimbag bawa ha)
Ø ma + guru = maguru (rimbag bawa ha)
Ø kuma + wani = kumawani (rimbag bawa kuma)
Ø kapi + tuna = kapituna (rimbag bawa kapi)
Ø Surup + seselan um = sumurup (rimbag bawa ma)

RIMBAG TANGGAP NA LAN TANGGAP KA
tembung lingga + seselan in = rimbag tanggap na
tekuk + seselan in = tinekuk
sawang + seselan in = sinawang
tembung lingga + ater-ater ka (dijarag)
ka + tulis = katulis
ka + jambak = kajambag

RIMBAG GUNA (tegese nandang)
tembung lingga + en 
kukul + en = kukulen (nandang kukul)
borok + en = boroken (nandang borok)

RIMBAG ADIGUNA (tegese keladuk, kebangeten)
ke + tembung lingga + en 
ke + dhuwur + en = kdhuwuren (keladuk dhuwur)
ke + pinter + en = kepinteren (keladuk pinter)

                      

                          Mahardika H.N

                          8D (25)

Jumat, 06 Maret 2009

Ekalaya Kasil Ngalahake Arjuna ing Kaprigelan Manah

Ekalaya iku raja nagara Paranggelung. Dheweke duwe jeneng liya Palgunadi Ekalaya. Prameswarine Ekalaya jenenge Dewi Anggraini sing kondhang kasetyane. Ekalaya mujudake raja sinatriya sing adreng nggegulang dhiri ing ilmu kaprajuritan lan ilmu perang.

Dheweke antuk warta yen ing nagara Astina ana sawijining guru sing mulang ilmu manah marang Pandhawa lan Kurawa. Ekalaya banjur nemoni guru kondhang kasebut sing ora liya Resi Drona. Ekalaya ora ditampa dadi siswane Drona. Nanging dheweke panggah pengin meguru marang Drona lan banjur tumuju ing tengahing alas gedhe.

Ing tengah alas iku Ekalaya gawe patung sing wujude memper Drona. Ing papan kono Ekalaya ajar manah kanthi kairingan rasa yakin yen dheweke ditunggoni dening Resi Drona. Saben arep gladhen manah, luwih dhisik Ekalaya timpuh ing ngarepe patung Drona kanggo njaluk pangestu supaya kasil dadi satriya sing wegig temen-temen ing kaprigelan manah.



Ing antarane siswa-siswane Drona sing pinter lan wegig dhewe ing kaprigelan manah yaiku Arjuna. Sawijining dina, Arjuna mbebedhag ing alas gedhe. Dheweke lumebu ing alas gedhe iku lan kanthi ora sengaja nyedhaki papane Ekalaya gladhen manah. Asu ing ngiringi Arjuna mbebedhag njegog-njegog amarga weruh Ekalaya.

Arjuna sing cubriya amarga asune ora leren-leren anggone njegog banjur nggoleki apa sing dadi sababe. Arjuna banjur nututi playune asu. Dene ing arah liya, Ekalaya sing krungu panjegoge asune Arjuna banjur ngarahake panahe ngener asale swara asu njegog kasebut.

Wusana pitung panah ngeplas bebarengan saka gandhewane Ekalaya. Lan bebarengan iku, swara asu njegog banjur kandheg saknalika. Kamangka nalika menthang gandhewane Ekalaya ora ngerti ana ngendi dununge asu sing njegog-njgeog iku. Dheweke mung ngenerake panahe ing arah asale swara asu njegog.

Arjuna kaget amarga asune leren njegoge lan luwih kaget maneh nalika weruh ing congore asu ana panah pitu tumancep. Weruh kaanan mangkono kuwi, Arjuna dadi muntab lan banjur nggoleki sapa sing manah asune. Wusana Arjuna sapatemon kalawan Ekalaya.

Kekarone banjur sarujuk tetandhingan manah. Ananging Arjuna ora kasil ngasorake kaprigelan manahe Ekalaya, Arjuna ngaku kalah. Mangsuli pitakone Arjuna, Ekalaya ngandharake yen kaprigelan manahe amarga piwulang gurune. Sabanjure Ekalaya nuduhake patung memper Drona sing dianggep gurune kuwi. Arjuna dadi kaget nalika weruh yen patung kuwi pancen patunge Drona. Dheweke banjur lunga ninggalake Ekalaya lan ngadhep Resi Drona.

Ing sangarepe Drona, Arjuna nutuh yen Drona ora temen-temen anggone nggegulang manah dheweke. Drona dhewe kaget krungu panutuhe Arjuna iku. Drona banjur sumpah yen kabeh ilmu kaprigelan manahe wus diturunake marang Arjuna, nanging Arjuna panggah ora precaya kanthi bukti kalah nalika andon kaprigelan manah kalawan Ekalaya.

Sabanjure Drona kairing Arjuna nemoni Ekalaya. Sawise sapatemon lan takon tinakonan, Drona njaluk kasetyane Ekalaya kanthi bukti nyata yen pancen dheweke pengin dadi siswane Drona. Ekalaya banjur ngikrarake kasetyane ing tembung lan tumindak, uga masrahake jiwa ragane marang Drona.

Wusana Drona ngethok jempol tangane Ekalaya. Kanthi mangkono Ekalaya kelangan kaprigelan manahe. Suwalike, Arjuna menjila dadi satriya sing prigel manah lan ora ana sing ngalahake ing arcapada. Ananging Ekalaya banjur ngucap sumpah yen dheweke bakal males tumindak deksiyane Drona iku ing perang Baratayuda. Sumpahe Ekalaya kawujud nalika Drona gugur ing pabaratan Baratayuda dening Drestadyumna sing kapanjingan rohe Ekalaya.

                                                                                                                  Nama : Mahardika H.N.
                                                                                                                  Kelas  : 8D